Sekonyong-konyong koder - Didi Kempot
Cintaku sekonyong-konyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super
Resik tur anti laler
Yen rak petuk sedino ning sirah nggliyer
Cintaku sekonyong-konyong koder
paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter
Montorku tak stater
Tak ampiri ayo tak jak muter-muter
Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku lengone pomit
Malah kowe lungo plencing
Ora pamit mit mit mit mit mit mit mit
Bir temu lawak
Nggonku mikir ning awak nganti rusak
Rusak njobo njero
Sing tak pikir jebule koyo ngono
Kembang jambu gogrok dipangan uler
Cintaku sekonyong-konyong koder
Uler keket mlaku klogat-kloget
Walah jabang bayi jebul aku keno pelet
__________________
...no siggy for today...
|