Semongko
Iyem lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku cak Steph, tapi Iyem gak wani nangkep.
Akhire Iyem nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Iyem masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun"
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Iyem mulih.
Sisuke Iyem nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi " pikire Iyem
Mari ngono Iyem ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Iyem maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".
__________________
Jika anda ingin mengusir kegelapan, berhentilah berdebat !
Nyalakan saja lampunya.
|